Pages

Subscribe:

Jumat, 06 April 2012

Materi Basa Jawa Kelas 8


 MACA LAN NEMTOKAKE GAGASAN TEKS WACAN

Wacan kuwi kadadeyane saka paragraph-paragraf. Saben paragraph duweni gagasan pokok (utama) lan gagasan penjelas.
Gagasan pokok yaiku gagasan sing dadi intine informasi.
Gagasan penjelas yaiku gagasan kang dadi informasi tambahan sing tujuane kanggo njelasake gagasan utama
Lumrahe gagasan utama ana ing ukara wiwitan paragraph, tengah, utawa pungkasane paragraph
 NYEMAK TEMBANG KINANTHI
 Titikane ;
1.     mawa paugeran : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
2.     diarani tembang kinanthi sebab cakepane tembang bisa ginandheng dienggo nggerongi   
        prasasat kabeh gendhing
3.     watake : seneng, asih, tresna
4.     mathuk kanggo medharake piwulang utawa crita kang ngemu surasa sih-trisna
5.     sasmitaning tembang : kanthi, gandheng, kanthet

 KAWRUH SAPALA
 Tembang macapat uga sok diarani tembang cilik.
Tembang macapat kang lumrah cacahe ana sewelas, yaiku :
1.     maskumambang
2.     pucung
3.     mijil
4.     kinanthi
5.     asmaradana
6.     durma
7.       pangkur
8.       sinom
9.       dhandhanggula
10.  megatruh
11.  gambuh
Tembang macapat kaiket ing paugeran :
Guru gatra            : Cacahe gatra utawa larik saben tembang sapada (sabait)
Guru wilangan      : Cacahe wanda (suku kata) saben sagatra
Guru lagu             : dhong-dhinge swara ing saben pungkasane gatra 

 NULIS LAYANG PRIBADI
 Laying kiriman utawa laying iber ana warna telu :
1.     Layang Kitir      : laying kang ringkes banget. Ditulis ing dluwang, ora nganggo diamplopi. Kang migunakake wong kang wis kulina banget marang wong kang dikirimi layang.
2.     Layang Cekak   : wujude kaya layang ganep, nanging mung cekak aos wae. Dadi luwih rowa ketimbang laying kitir, nanging luwih ringkes katimbang layang ganep. Lumrahe tanpa adangiyah.
3.     Layang Ganep   : layang kang ditulis ganep sarta nglungguhi paugeran. Ditulis ing dluwang kang apik sarta diamplop.

Paugerane Layang ganep
1.     Adangiyah      : pandonga / pakurmatan ing wiwitaning layang
2.     Satata basa     : bebukane atur ing layang
3.     Surasa basa    : ijoan utawa surasane layang (isi)
4.     Wasana basa   : panutuping layang
5.     Titi mangsa    : tanggal panulising layang
6.     Peprenahan    : sesebutan gegayutaning sedulur
7.     Tapak asta      : tandha tangane sing kirim layang
8.     Asma cetha    : jenenge sing kirim layang (nama terang)

UNSUR-UNSUR INTRINSIK DRAMA
diposkan pada tanggal 1 Des 2010 12.27 oleh mohammad misbachul munir
Unsur-unsur intrinsik drama yaiku unsur-unsur kang mbangun struktur kang ana ing drama kuwi. Unsur-unsur intrinsik drama miturut Akhmad Saliman (1996 : 23) ana 7 yaiku :
1. Alur.
2. Amanat,
3. Basa,
4. Dialog,
5. Latar,
6. Pituduh teknis,
7. Tema,
8. Lakon.

Alur
Alur yaiku rangkaian kang mbangun utawa mbentuk crita saka awal nganti akhir. Urutan alur kabangun saka 5 fase, Yaiku :
1. Perkenalan,
2. Awal masalah,
3. Menuju klimaks,
4. Klimaks,
5. Penyelesaian.

 Amanat
Amant yaiku saben bab kang pingin diutarakake pangripta (pengarang), kang pingin ditanemake kanti cara ora langsung kanggo para penonton dramane.
Amanat ing drama ana sing langsung tersirat, nanging umume sengaja didelikake kanti kasirat mungguhe panulis naskah drama kang duweni sangkut-paut. Nanging pentonton sing profesional bae kang sanggup nemokake amanat implisit kasebut.

Basa
Basa kang digunakake ing drama sengaja dipilih pangripta kanthi ngebotake fungsine kanggo sarana komunikasi.
Saben pangripta drama duweni gaya dewe-dewe ing bab ngolah kosa kata kanggo sarana ngungkapna pikiran dan perasaane. Saliyane kaiket karo milihe kosa kata, basa uga kaiket karo milihe gaya bahasa (style).
Basa kang dipilih pangripta banjur dienggo ing panulise naskah drama,  umume yaiku basa kang gampang dingerteni (bersifat komunikatif), yaiku ragam basa kang dienggo ing kauripan saben dina. Basa kang duwni kaitan karo situasi lingkungan, sosial budya, lan pendidikan.
Basa kang dienggo dipilih kanti mengkene kanggo tujuan ngurip-urip crita drama, lan ngurip-urip dialog kang kedaden witara para lakon critane.

Dialog
Dialog yaiku tiruan saka kauripan saben dina. Dialog drama ana kang realistis komunikatif, nanging uga ana kang ora realistis (estetik, filosopis, dan simbolik). Dialog disesuaiake karo karekter lakon cerita.

Latar
Latar yaiku panggon kedadeane paristiwa kang diceritakake ing salah sijining drama. Latar ora mung ngerujuk kanggo tempat, nanging uga ruang, waktu, alat-alat, benda-benda, busana, sistem pakaryan, dan sistem kauripan kang duweni hubungan karo panggon kedadeyane paristiwa kang dadi latar critane.

Pituduh Teknis
Pituduh teknis yaiku rambu-rambu kang sengaja dicantumake kaliyan sang pangripta naskah drama kanggo penuntun penafsiran kanggo sapa bae kang kepingin mentasake drama kasebut.
Pituduh teknis ing naskah drama bisa arupa paparan ngenani adegan lan adegan, profil lakon crita, latar cerita (tempat adegan) tata lampu, tata musik, tata panggung, dan daftar properti kang kudu disiapake.

Tema
Tema yaiku pokok pikiran. tema uga salah sijining kang dadi pikiran utawa bab kang dadi masalah.
Pangripta drama, sadar utawa ora sadar pasti nyampekake pesen/amanat ing dramane. Amanat asifat kias, subjektif, lan umum. Saben wong bisa bae saling beda pendapat ing nafsirake amanat kang disampekake pangripta drama.

Lakon
Lakon ing drama kasebut lakon/tokoh rekaan kang duweni fungsi nduduki peran watak lakon. Mono sebabe istilah lakon uga kasebut karakter atau watak.
Adedasar perane ing alur cerita, lakon kabagi dadi 3 macam yaiku :
1. Antagonis, lakon utama kang duweni prilaku jahat,
2. Protagonis, lakon utama kang duweni prilaku apik,
3. Tritagonis, lakon kang duweni peran lakon pembantu.

1 komentar:

wallyeagleson mengatakan...

The Casino - Wooricasinos.info
Welcome to our casino floor. We offer over 500 gaming tables, over 1,300 live 오공슬롯 video poker 12bet machines 라이트닝 바카라 and many games including Video Poker, trangnhaphohien.com Live 메이저 벳 먹튀

Posting Komentar