Pages

Subscribe:

Sabtu, 07 April 2012

NULIS LAYANG

LAYANG PRIBADI
A. Seserepan.
Layang utawa nawala yaiku basa kang diaturake nganggo tulisan utawa salah sijining piranti komunikasi kang awujud tulisan.
Layang pribadhi iku wujude kaya layang lumrahe. Sing dadi pratandhane menawa layang iku kalebu layang pribadhi yaiku pigunane. Tegese layang mau digunakake pribadhi marang pribadhi lan isine ngrembug perkara pribadhi utawa ora perkara kadinasan. mula saka kuwi basa kang digunakake ing layang pribadhi luwih longgar. Karepe basa ing layang pribadhi ora kaiket dening aturan - aturan kang baku nanging mung kaiket dening peprenah antarane kang ngirim layang lang kang dikirimi layang. Nanging basane layang pribadhi bisa ngoko bisa uga krama gumantung kalungguhane wong sing dikirimi layang. Menaw kang dikirimi layang kuwi kanca sepadha - padha utawa peprenahe luwih enom, layang bisa ditulis nganggo basa ngoko. ananging yen kang nampa layang peprenahe luwih tuwa utawa dhuwur kalungguhane, prayogane layang mau katulis nganggo basa krama.
Sanajan layang pribadhi duwe kalonggaran babagan basa lan perkara kang dirembug, layang pribadhi ora kena ninggalake subasita lan tata krama. layang pribadhi uga kudu ditulis kanthi cetha, gampang dipahami dening kang nampa layang. kanthi mengkono layang mau ora nimbulake kabingungan lan kesalahpahaman, utamane kanggone sing nampa layang.
Manut basa, isi, sipat lan asale, layang bisa kaperang dadi papat, yaiku :
a. Surat (layang) resmi.
b. Surat ( layang ) dinas.
c. Surat ( layang) niaga
d. Surat (layang) pribadhi.
Peprincene gawe layang :
1. SATATA BASA     : Alamate layang bisa katulis pojok tengen utawa kiwa ing dhuwur.
2. ADANGIYAH         : Tembung pamuji rahayu upamane :
a. Rinengga sugenging pakurmatan.
b. Tansah winantu suka basuki.
c. Katentreman lan karahayon
d. Winantu ing bagya mulya.
e. Sembah sungkem.
3. PURWAKA             : Nelakake kabar kaslametane kang kirim layang lan
                                    pangarep - arep supaya kang dikirimi uga slamet.
4. SURASA BASA      : Isine layang, kekarepane layang.
5. WASANA BASA     : Pungkasaning layang, tuladhane :
a. Cukup semene dhisik liya wektu disambung maneh.
6. TITI MANGSA         : Nelakake wektu panulisaning layang.
Parakan, 21 Agustus 2008
7. PEPRENAH            : Asale layang saka sapa tuladha :
a. Saking ingkang putra
b. Bapakmu ing omah
c. Adhimu saka paran, lsp
8. TAPAK ASMA / TANDHA ASMA : Tanda tangan kang gawe layang.
9. ASMA TERANG                         : Asma terang sing gawe layang.

B. Tuladha gawe layang
1. Layang anak marang wong tuwa.

Bapak saha Ibu Joko Surasa (1)
Jln. Aip Mungkar Parakan
Temanggung.

Sembah sungkem, (2)
Kanthi lumantaring serat punik, kula ngaturi uninga bilih kawontenan kula ing Semarang tansah ginajar wilujeng nir ing sambikala. Menggah panyuwun kula dhumateng gusti Allah SWT, mugi - mugi kawontenanipun Bapak sah Ibu ugi mekaten. amin. (3)
Kajawi punika ingkang sepisan ingkang putra ngaturi priksa bilih kintunannipun arta sampun kula tampi rikal dinten minggu kapengkur. Arta punika sampun kula ginakaken kangge prabeya sekolah. Tirahanipun kangge nyekapi kabetahan wonten kos. Ingkang kaping kalih, kula ngaturi priksa bilih sekedhap malih badhe tes semesteran. Pramila kula nyuwun tambahing berkah pangestu mugi - mugi kula saged nglampahi tes semesteran punika kanthi biji ingkang sae, amin. (4)
Ing wusana cekap semanten rumiyen serat kula, sanes wekdal dipun sambet malih. menawi wonten kirang trapsilaning atur dhumateng Bapak saha Ibu, kula nyuwun lumunturing samudra pangaksami. (5)
(6) Semarang, 24 Nopember 2010
(7) Saking ingkang putra
(8)
(9) Surahman

Tidak ada komentar:

Posting Komentar